SURABAYA, Ceklisdua.net – Suasanane beda tenan. Upacara Peringatan HUT RI ke-81 neng Kutha Surabaya taun iki digelar neng Makam Pahlawan WR Soepratman, Jl. Kenjeran. Sing marakke tambah khidmat, kabeh podo nganggo busana adat saka sak penjuru Nusantara.
Upacara Pengibaran Bendera Merah Putih rangka memperingati Hari Ulang Tahun ke-81 Kemerdekaan Republik Indonesia. Bedane, upacara taun iki bertemakan “Kebhinekaan” kabeh nganggo pakaian adat – adat.
Diikuti dening masyarakat Surabaya, petugas upacara, lan tamu undangan. Pimpinan Redaksi http://ceklisdua.net, Bapak Eko Sukarno ugo melu hadir lan nyekseni langsung.
Dino Senin, 17 Agustus 2026, jam 07.00 WIB pas.
Area Makam WR Soepratman, Jl. Kenjeran Rangka, Kecamatan Tambaksari, Surabaya, Jawa Timur. Panggone komponis “Indonesia Raya” disemayamke.
Kanggo ngelingke meneh yen keberagaman iku kekuwatane bangsa Indonesia. Liwat busana adat iki, arepe nunjukke yen Surabaya tetep jogo persatuan lan nguri-uri budaya bangsa, selaras karo temane “Indonesia Berdaulat, Adil lan Makmur”.
Jam 07.00 WIB upacara diwiwiti. Petugase podo baris gagah lan ayu nganggo busana adat. Ono kebaya Jawa, ono adat Batak Toba, ono adat Melayu Pontianak. Campuran warna-warni busana saka Sabang nganti Merauke marakke lapangan makam tambah sumringah. Bendera Merah Putih dikibarke diiringi lagu “Indonesia Raya”.
“Semangat kemerdekaan HUT RI ke-81 iki dadi pengeling yen keberagaman iku kekuatan utamane bangsa. Liwat busana adat iki, wargo Surabaya pengen ngrayakne kebhinekaan lan nguatke rasa kebersamaan. Mugi-mugi iso aweh pelayanan sing paling apik adhedhasar keramahan khas Indonesia,” ujare Bapak Eko Sukarno.
“Ngadek upacara nganggo seragam tradisional rasane bangga banget. Iki dudu mung formalitas tahunan, nanging wujud tresno kita marang warisan budaya Nusantara sing kudu terus dilestarekke,” tambahe.
Upacara mlaku tertib, aman, lan khidmat. Ora ono gangguan blas. Makam WR Soepratman dadi saksi bisu yen semangat persatuan arek-arek Surabaya isih kobong nganti saiki.
Kanngo arek-arek Surabaya, 17 Agustus dudu mung upacara. Nanging janji kanggo terus gawe lan mbangun Indonesia sing luwih apik manek.
Sak wes e upacar ketok wong lanang wedon jalok Poto seng gae klambi kebayak sdi selempangi tulisan (DUTA PUSTAKA JAWA TIMUR 2026).
Redaksi.










